Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

pidato seserahan pengantin (b.jawa)

Assalamualaikum wr.wb

   Ingkang kawula kurmati sesepuh pinisepuh ingkag satuhu kinabekten lan ugi para tamu undangan ingkang sampun rawuh wonten dalemipun bapak hamid. samangke badhe diwontenake pahargyan pawiwihan ingkang asesilih Sekar Ayu Sita kaliyan putranipun bapak bambang inggih menika Galih Bayu Sutrisna. Ingkang sepisan sumonggo kita ngaturaken puji syukur dateng gusti ingkang Maha Asih satemah kita saged makempal wonten papan menika kanthi bagas waras lan mboten wonten alangan satunggal punapa kemawon. Sholawat saha salam kita aturaken dhateng junjungan kita Nabi Muhammad saw, ingkang sampun kita tenggo- tenggo safaatipun wiwit donya ngantos akhirat benjang. amin allahuma amin..

Para rawuh inkang kawula kurmati.
  Wonten mriki kula minangka wakilipun saking kulawarga pinanganten putri badhe nyaosaken lahir lan batos pinanganten putri menika dhateng pinanganten kakung. bilih kala wingi sampun dipun lamar, ingkang lamaranipun sampun dipun tampi dhateng kulawarga pinanganten kakung. ingkang pasok tukon arupi kalpika rukmi, ageman putri sapengadeg ugi rerengan pelik-pelik lan barang kemasan ingkang badhe dipun agem dhening akad nikah lah pahargyan pawiwihan punika. bilih wekdal sedoso enjang wau sampun dipun ijabkabullaken.
  Kanthi mekaten mugi-mugi sesambungan kalih penganten punika dados kelampahan kanthi sae. mugi-mugi dados kulawarga ingkang sakinah, mawadah lan warohmah. amin.

Para rawuh ingkang kawula kurmati.
  Kula mbok bilih pamedhal sabda wonten adicara punika wonten kalepatan kula nuwun pangaputen.. kula ugi nuwun panuwun ingkang kathah amargi sampun diparingi wekdal wonten babagan punika.

wabillahitaufik walhidayah
wassallammualaikum wr.wb

Posting Komentar untuk "pidato seserahan pengantin (b.jawa)"